Minggu, 09 Februari 2014

Pidato Bahasa Jawa



PIDATO BAHASA JAWA :
          
                PERPISAHAN KELAS 9 SMPN 20 MALANG

Assalamu'alaikum wr. Wb

Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan Ibu Tutut Sri Wahyuni
Bapak Ibu Guru ingkang bekteni
Para Karyawan lan Staf ingkang kinurmtan lan
Para rencang ingkang kula tresnani

               Monggo kito sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha Agung ingkang sampun maringaken sedoyo nikmat lan kewarasan dateng kito sedoyo dumugi sakmeniko kito sedaya saged kempal wonten ing adicara perpisahan sak manika.
Kula, wakil saking rencang - rencang kelas 9 ngaturaken maturnuwun ingkang sak ageng-agengipun kagem Bapak / Ibu Guru ingkang sampun mbulawantah kulo lan sak konco-konco dateng pawiyatan menika ingkang dangunipun tigang warsa.

               Mboten keraos kolo lan rencang sebrayat sampun ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki. Wonten ing adicara menika, kulo kiyambak tuhu rencang - rencang nyuwun agenging pangapunten sangking Bapak / Ibu guru amargi wonten ing tigang warso ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kulo lan sak rencang mebo menawi gadhah kalepatan ingkang dipun sengojo lan mboten disengojo. Mugi - mugi Bapak / Ibu guru kerso ngapuntenaken sedoyo kelepatan kulo lan rencang - rencang.

               Satuhunipun kulo lan sak konco awrat sanget badhe nilaraken pawiyatan menika amargi sedoyo ingkang wonten dateng mriko sampun kados sederek lan kaluargo. Namung amargi kulo lan rencang - rencang kedah nglanjutaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan ingkang luwih inggil, kulo lan rencang - rencang kedah saget dening ikhlas nilaraken pawiyatan menika.

               Cekap semanten atur kawula.Menawi wonten atur kawula ingkang kirang nuju prana ugi tindak tanduk ingkang kirang subasita kulo nyuwun gunging pangaksami.Matur nuwun.

Wasslamu'alaikum wr. Wb














SESORAH PERPISAHAN KELAS IX

Assalamualaikum Wr.Wb
Nuwun,
Ibu Kepala SMPN 20 Malang ingkang satuhu kinurmatan
Bapak/Ibu guru ingkang kula kurmati
Kanca-kanca kelas 9, adhik-adhik kelas 7 lan 8 sing daktresnani
           



Ingkang sepindah, monggo kita sareng-sareng ngucapaken Puja-puji sukur dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring rahmat sarta hidayah katitik ing wekdal punika kula panjenengan sedoyo sami saged makempal wonten ing SMPN 20 Malang,kangge angestreni perpisahan kelas IX, kanthi sehat walafiat boten wonten alangan menapa.
            Ingkang kaping kaleh ,sholawat ugi salam kita aturaken dhumateng Nabi besar Muhammad SAW ingkang sampun nuntun kita sedaya saking margi ingkang lepat dumugi margi ingkang leres inggih menika dinul islam.
            Ingkang saklajengipun,kula ngucapaken matur suwun sanget dhumateng para rawuh ingkang sampun rawuh dateng penggenan menika.
            Para rawuh ingkang kinurmatan,kula minangka wakil siswa-siswi  kelas IX ngaturaken gunggunging panuwun ingkang tanpa upami,awit kaiklasan tuwin katresnan Bapak/Ibu guru nggulawentah para siswa pramila saged ngerampungaken sedoyo ilmu ingkang sampun kaparingaken tigang tahun. Kula sakanca namung saged memuji, mugi-mugi amal lan kesaenan Bapak/Ibu guru sedaya pikantuk piwales saking Allah SWT,saha tansah pinaringan kasarasan. Boten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten ,awit kula sakanca asring damel Bpak/Ibu guru kuciwa awit saking atur solah bawa kula sakanca ingkang boten mranani penggalih panjenengan.
            Para Bapak/Ibu guru lan para rawuh, ing wekdal punika kula sakanca nyuwun pamit lan nyuwun donga pangestu,mugi-mugi sasampunipun medal saking pawiyatan ngriki kula sakanca saged ngelajengaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan candhakipun. Makaten ugi mugi-mugi adhik-adhik kelas VII lan kelas VIII saged kasil ngangsu kawruh kanthi kasil ingkang langkung sae.
Para rawuh ingkang kinurmatan, makten atur kula. Bokbilih wonten kirang sarta kalepatanipun , kula nyuwun agunging samudra pangkasami.

Nuwun,
Wassalamualaikum Wr.Wb   

Created by : Pramudya Cakrawardaya < Oalahh Sonnn-sonnn... =D >

0 komentar:

Posting Komentar